Jaman Edan
Jaman saiki tumindak bubrah tansah dilakoni
Manungsa wis lali karo kebecikan
Ngumbar hawa nafsu ngluru dosa
Lali karo tujuan urip
            Enakke ndonyo tansah nutupi Kalbu
            Antarane kormat lan kianat ora ana bedane
            Tumindak ala dibenerke,tumindak becik disalahke
            Akherat uwis ketutup manise ndonyo
Duh Gusti jaman saiki pancen jaman edan
Yen ora melu edan ora komanan
Nanging luwih becik sing eling lan waspada
Yaiku manembah marang Gusti kanthi salat lan sujud
Anggitane:Tunjung

0 komentar:

Posting Komentar

About this blog

Diberdayakan oleh Blogger.

cbox

Jam